PIDATO
PERPISAHAN
Assalamualaikum
Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni Bapak Ibu Guru ingkang dahat kinurmatan Wali Murid lan tamu undangan ingkang
berbahagia Lan Rencang – rencang kelas 9 ingkang
kula tresnani
Puji syukur
katur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun maringaken rahmat serta
hidayah dhateng kula panjenengan sedaya, saged kempal ing acara perpisahan sak
menika.
Rencang –
rencang kelas 9 ingkang kula tresnani, ingkang kula saged kadhawuhan mewakili
acara perpisahan kelulusan lan ngaturaken maturnuwun dhumateng Bapak Ibu Guru
ingkang sampun ngajar lan mbimbing sehingga kula lan rencang – rencang saged
ngrampungaken belajar nganti lulus lan saged nglanjutaken ing sekolah ingkang
luwih inggil.
Bapak lan
ibu guru ingkang kinurmatan,kula lan rencang – rencang kelas 9 nyuwun pamit
dhumateng panjenengan sedaya. Amarga kula sakanca sampun ngundi ilmu wonten
sekolahan menika, mugi – mugi ilmu sing diajarake dhateng Bapak lan Ibu guru
saged bermanfaat.
Kula lan
rencang – rencang kelas 9 mboten saget maringi menopo – menopo, namung saget
ngaturaken maturnuwun. Mugi – mugi Bapak lan ibu guru diparingaken kelancaran
rezeki lan kesehatan dhumateng Allah SWT. Lan salam kanggo raka kelas 7 lan 8
supaya saged nerusake cita – cita ngundi ilmu ing sekolahan menika.
Namung cekap
semanten ingkang saged kula aturaken, menawi wonten kekurangan lan kesalahan
kula nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum
Wr. Wb.